Tag Archives: salaman

Salaman Plengos

Iki pengalamanku sing tak alami rung suwe iki. Pengalaman iki wes tau tak alami wes peng akeh. Ketokane sederhana, tapi sebenere menyakitkan. Pengalaman opo iku? Yoiku pengalaman salaman (jabat tangan bahasa indonesane), tapi sing ngejak salaman ora nyawang mripate dhewe. Alias salaman plengos.

sumber gambar: tribunnews.com

Salaman iku ibarate penyambung silaturahim. Ikatan batin sing biasane luwih keroso nek mripate dhewe ki saling pandang, saling senyum. Lha nek mripate ki ora nyawang, kok koyone wong iki nyepelekne.

Yo mugo2 konco2 kabeh ojo sampek nglakoni koyo mengkono ya. Jogo perasaan wong sing mbok salami ya. InsyaAlloh nek salaman dengan tatap mata ki luwih adem. Luwih keroso pasedulurane. Tapi yo ojo kebablasan, salaman karo lawan jenis kelamin yg bukan mahram. Ga oleh iku co. Hehe.

Yo wes monggo silakan bersalam2an mbi konco2 liyane, ojo lali senyum lan sumringahe. Ben umur dan rizki tambah berkah aamiin.